Jangkep Tigang nDoso Dinten Wonten Paran…..
Sampun tigangdoso dinten, kulo ngayahi tugas wonten paran. Banda Aceh…, meniko paran ingkang kasebat lan kulo jujug saking Ngayogya. Sak jatosipun meh sami antawis kitho Banda Aceh meniko kalian Ngayogya, kithonipun mboten patos wiyar, antawis sak kitho Ngayojo nanging mboten kalebet kabupaten Sleman lan Mbantul, saking pinggir ngantos pinggir antawis namung 7-8 kilometer. Kitho Banda [...]