Must Be More

Must Be More

“Ngumpulke balung pisah Sevener’s & Penyebar virus Bike to Work……”

Must Be More RSS Feed
 
 
 
 

Jangkep Tigang nDoso Dinten Wonten Paran…..

Sampun tigangdoso dinten, kulo ngayahi tugas wonten paran. Banda Aceh…, meniko paran ingkang kasebat lan kulo jujug saking Ngayogya. Sak jatosipun meh sami antawis kitho Banda Aceh meniko kalian Ngayogya, kithonipun mboten patos wiyar, antawis sak kitho Ngayojo nanging mboten kalebet kabupaten Sleman lan Mbantul, saking pinggir ngantos pinggir antawis namung 7-8 kilometer. Kitho Banda Aceh meniko kelebet resik wonten lingkungan, amargi wonten peraturan ingkang kasebat Qanun ingkang njelasaken menawi bebucal sampah sak nggen-nggen saget dipun dendo. Ugi wonten Propinsi Nanggroe Aceh Darusallam meniko tiyang setri utaminipun ingkang sampun aqil baliq kedah ngagem pengagem muslim utawi jilbab, wonten panggenan ingkang khusus sak umpami mlebet wonten pekarangan Masjid Raya Baitturahman tiyang setri kedah ngagem jilbab. Wonten Banda Aceh kathah masakan ingkang khas, namung wonten mriki meh sedoyo masakan pedes. Kathah rencang ingkang crita menawi wonten Banda Aceh mesthi ngagem sakit padharan amargi mboten biasa nedha ingkang pedes lan panas bumbunipun (  http://bimonur.multiply.com/photos/album/17/Kuliner_Banda_Aceh-1 ). Kulo kemawon betah wedal sekawan minggu kagem ngepasken padharan supados saget nedhi ingkang leres lan mboten murus-murus.

Leave a Reply